Recents in Beach

Recent in Sports

3/Sports/post-list

Guyonan bahasa jawa (stand up Jawa)

Guru iku digugu lan ditiru. Semana uga guruku. Wayah iku aku isih ning SMP. Aku duwe guru jenenge pak Harmaji. Pak Harmaji yaiku guru gaul ning SMP. Saking gaule, wonge gawe akun Facebook jenenge "Harmadjay". Kaya tema sing tak bahas saiki, pak Harmaji iku salah sawijining guru ing SMP sing bisa menehi perubahan marang muride. Gaya penampilane uga bisa kanggo tiruan murid-murid SMP. Potongan rambut sing gaul, yaiku gundul. Nanging ora bisa diarani gundul, amarga isih ana rambut siji ning unyeng-unyenge. Pertama aku ngerti yen wonge isih nduwe rambut yaiku pas aku ngumpulake tugas e pak Harmaji.

"Tugas dikumpulkan" jare pak Harmaji.

Aku langsung maju gawa tugasku. Banjur aku wis ngadhek ing sisihe. Nalika tugas tak kumpulke, aku nyawang yen sirahe pak Harmaji iku gundul. Nanging, nalika tak mat-matne luwih teliti, aku ngerti yen sirahe pak Harmaji iku ora gundul, nanging isih ana rambut, senajan siji. Banjur tak foto lan tak duduhake kancaku, jenenge Munyuk.

"Nyuk deloken iki. Potongane pak Harmaji gaul. Gundul. Dudu gundul jane, nanging jenenge apa ya ?" Kandhaku.
"Iya ya, gaul. Mengko terna aku potong Dan." Pungkase Munyuk.

Banjur wengine aku lan Munyuk budhal menyang tukang potong. Ning panggone tukang potong, Munyuk pesen.

"Pak, potong gundul" kandhane Munyuk.
"Potong gundul tenan ta ?" Wangsule tukang.
"Yo ora pak, disisani siji ae" pungkase Munyuk.

Ana sawijining dina, uga ana kancaku sing terinspirasi polah gayane pak Harmaji. Nalika pak Harmaji sumuk, wonge nyepot benik klambine sing duwur. Saka iku, kancaku wedok mikir, kepriye carane isis nanging ora buka-bukaan kaya pak Harmaji. Nalika arek e duwe ide, banjur rok e dibelek nganthi pupu.

Senajan saiki aku wis SMA, rasane, guru kaya pak Harmaji ing sekolahku isih ana. Malah luwih parah. Guru iku jenenge pak "titit". Sengaja tak samarke, ben ora ana sing ngerti yen jenenge iku pak Purbo. Pak Purbo iku uga salah sijine guru sing menginspirasi. Salah sijine inspirasi yaiku: sekolah ora tau kasutan. Gagasan kaya iku uga bisa garai pikiran adhem, amarga yen sikil isis pikiran dadi adhem.
Nanging guru sing paling bisa digugu lan ditiru yaiku guruku bahasa daerah: Bu Mifta.
Guyonan bahasa jawa (stand up Jawa) Guyonan bahasa jawa (stand up Jawa) Reviewed by dandy on Thursday, November 10, 2016 Rating: 5

No comments:

Powered by Blogger.