Recents in Beach

Recent in Sports

3/Sports/post-list

Contoh Cerpen Bahasa Jawa - Gunung Kelud Mbledhos Maneh

GUNUNG KELUD MBLEDHOS MANEH

Dina iki hawane saya adhem senajan wis awan, amarga Dandy neng omahe mbahe sing cedhak karo anak gunung Kelud. Jarak omah saka gunung Kelud mung 8 Km. Ora kena di garai yen umpama gunung Kelud mbledos, omahe mbahe Dandy ora bakal kena material bledhosan. Omahe mbahe Dandy ora tau keri keceblokan material bledhosan yen gunung Kelud mbledhos. Wis ping telu iki omahe mbahe Dandy kena material bledhosan gunung Kelud. Mengkana kui Dandy ngrewangi mbahe resik-resik omah. Yen di takoni betah apa ora, Dandy ya betah. Merga hawa omahe Dandy sing panggone neng Pagu lan neng omahe mbahe neng Ngancar isih penak neng Ngancar, senajan adus awan utawa bengi rasane panggah adhem banyune yen kena kulit.

            Dandy wiwit neng omahe mbahe 2 dino sakwise gunung Kelud mbledhos. Neng omah ora mung Dandy karo mbahe. Paklike sing kerja dadi tentara neng Surabaya ya mulih nalika ngerti gunung Kelud mbledhos. Dandy lan paklike resik resik omah. Nalika Dandy wayah ngresiki gentheng, Dandy ora ngerti yen genthenge kui saka esbes. Nalika sing di ideki sisih tengah esbes, Dandy njebrot lan ceblok saka esbes. ‘gubrakk!!’ swarane banter nganti tanggane sing jarake 5 omah saka omahe mbahe krungu. Banjur tanggane metu omah lan nggoleki asale swara iku. Nanging nalika Dandy nyawang, tonggone malah nggoleki asale swarane neng ngisor wit duren. Dandy ngomong nek bathin ‘wo pancen moto durenen !’. banjur Dandy ngadheg. Dandy mbatin maneh ‘kok yo isik urip iki mau aku ?’. Paklike sing kaget langsung marani Dandy karo takon ‘esbese ora papa Wan ?’ terus ngringkesi esbes sing coklek. Dandy mangsuli ‘ora papa paklik. Mung cuwil saitik, sisane coklek kabeh !’. Ora suwi, mbahe teka lan ngongkon Dandy tuku lawuh bekicot bumbu bali neng gone warung sing ora adoh teka omahe mbahe kanggo mangan awan. Dandy mancik montor banjur budhal menyang warung. Sakwise teka warung, Dandy langsung mlebu lan takon ‘Buk, bekicote wonten ?’. Bakule mangsuli karo guyon ‘bekicote jek ngungsi le. Durung mulih teka pengungsian.’. Dandy sing krungu omongan kui langsung guyu, senajan ora ngerti maksude. Dandy langsung kelingan jare mbahe Dandy biyen, ‘Wan, yen dijak ngomong wong liyo, isa gak isa kudu guyu, kui budayane wong Jawa.’. Bakule banjur menehne bekicot bumbu bali neng Dandy. ‘suwun nggeh buk.’ Dandy mungkasi lan banjur mulih.

Neng dalan, Dandy meruhi ana cikar. Dandy gupuh arep nyalip cikar apa ora. Akhire Dandy mlaku neng burine cikar sing momotane letong. Kabeh mesti ngerti piye rasane yen mlaku neng burine cikar momot letong. Ambune letong sing ora enak, ditambahi ambu kecut sing nyopir cikar campur dadi siji. Kombinasi ambu kui nganti saiki durung ana sing bisa menehi jeneng, senajan professor ritek. Dalan sing isih akeh pasir bledhosane gunung kelud akhire mangan korban. Sapi sing narik cikar kui mau kepleset pasir sing akhire garai sapi lan cikare mlebu tegalan. Dandy agih nulungi. Sing garai Dandy welas asih nulungi yaiku merga sopir cikare ketiban momotane. Dandy wis ora mikir panganan sing digawa, banjur narik sopire menyang embong. Sopir wis mentas teka tegal, nanging awake jibrat letong. ‘pak, kulo padosne tiyang damel narik cikare jenengan nggeh ?’ Dandy takon. ‘wo iyo le, matur suwun’ sopire mangsuli karo ngibas ngibasne kaos sing kena letong akeh. Banjur karo Dandy di golekne tulung menyang wong-wong sing ana neng tegalan. Akhire cikare bisa mentas teka tegalan.

Dandy wis teka omah. Dandy mesem dhewe kaya kudu ngempet guyu nalika kelingan cikar kui mau. ‘mbah, niki bekicote.’ Dandy nimbali mbahe. ‘rene Wan, selehen meja makan.’ mbahe mangsuli. ‘ambune kok letong Wan? Kowe mau tuku bekicot bumbu bali apa bumbu letong?’ tambahe mbahe. Dandy bingung, ‘letong pripun to mbah?’ Dandy nggoleki asale ambu letong. Dandy nyawangi awake dhewe saka ngisor nganti duwur. ‘mboten wonten niku mbah.’ Wangsule Dandy, ‘yowes ndang di omongi paklikmu, mangane wis siap.’ ‘nggeh mbah.’ Dandy banjur metu omah. ‘paklik, bekicot’ Dandy ngomongi paklik e. ‘iyo Wan, lumpukna bekicote, ngko ben dimasak mbahmu.’ Wangsule paklike santai. ‘maksude sampeyan iki apa? Kae lo wes tak tumbasne bekicot bumbu bali teko warung etan. Sampeyan kon maem karo mbah.’ Mangsuli Dandy karo rodok mangkel. ‘wo alah, iyo Wan, tak wijik dhisik’ pungkase paklike. Dandy lan paklike mlebu omah, banjur lingguh neng kursi sing ana neng meja makan. ‘mak, ambune kok letong to? Sampeyan teka ngendi mau?’ paklike Dandy takon. ‘maeng aku yo mambu le, tap uwis ilang. Lha kok mambu maneh.’ Mbahe Dandy ngotot. Dandy bingung. Dandy ngrasa yen ambune letong kuwi tekan Dandy. Dandy senden kursi. Dandy mikir, kok aneh yo kursine. Rasane Dandy kaya senden neng kursi mamel. Banjur karo Dandy di delok. Rupane kursine sing asline ijo dadi rodok oren. Dandy kaget. Akhire karo Dandy di ambu. Tibakno ambune letong. Dandy mbatin ‘gabluk ! wong kae mau ditulungi kok malah menthung.’ Dandy pamit neng jedhing nganggo alasan kebelet. Kaos sing di nggo Dandy langsung dicepot banjur ganti kaos anyar. Dandy langsung mlaku mbalik neng meja makan. Mari mangan Dandy leren lan lungguh neng kursi emper. Dandy nyawang montore sing diparkir neng ngarep emper karo mbatin, ‘untunge mbah karo paklik ora ngerti. Yen ngerti dadi apa saiki.’ Dandy ngadheg lan mlaku marani montore. Teka ngarep montore Dandy ketok resik. Banjur Dandy mlaku mubengi montore, Dandy nyawang lan kaget. Tibakno montore Dandy sisih mburi kebek letong. Dandy mbengok ‘ASTAGHFIRULLAH !!!’
Contoh Cerpen Bahasa Jawa - Gunung Kelud Mbledhos Maneh Contoh Cerpen Bahasa Jawa - Gunung Kelud Mbledhos Maneh Reviewed by dandy on Monday, August 08, 2016 Rating: 5

No comments:

Powered by Blogger.